- BAB 1 Pendhidhikan Moral Kelas XII - Semester 1
TEMBANG MACAPAT
Jenise tembang macapat ana 11, yaiku :
1. Pocung
2. Kinanthi
3. Sinom
4. Gambuh
5. Dhandhanggula
6. Maskumambag
7. Pangkur
8. Asmaradana
9. Mijil
10. Megatruh
11. Durma
KINANTHI
Perangane serat wedhatama kang pungkasan, anggitane KGPAA mangkunegara IV yaiku pupuh kinanthi. Ing wulangan iki pupuh kinanthi mengko arep didhudhah banjur digathuk-gathukake karo kahanane bangsa Indonesia ing jaman saiki. Tembung kinanthi iku saka tembung kanthi oleh seselan in. Seselan in iki tegese padha karo ater-ater di-. Dadi, kinanthi tegese dikanthi, dituntun, digandheng, utawa diarahake.
A. Maca,nanggapi lan nitik guru gatra, lan guru lan guru wilangan teks Serat Wedhatama pupuh kinanthi
Kinanthi
Marma den taberi kulup
Angulah lantiping ati
Rina wengi dwn anedya
Pandak-panduking pambudi
Mbengkas kahardaning driya
Supadya dadya utami
■ Pupuh kinanthi ing Serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 19 pada (bait). Sapada tembang kinanthi kiwa iki kawiwitan saka tembung marma tekan tembung utami
■ Guru gatra saben sapadane tembung Kinanthi ana 6 gatra utawa larik.
■ Guru lagune tembang Kianthi yaiku : u, i, a, i, a, lan i.
■ Guru wilangane tembang Kinanthi iku : 8, 8, 8, 8, 8, lan 8.
■ Supaya gampang dieling-eling, guru wilangan lan guru laguns tembang Kinanthi, biasane ditulis : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, lan 8i.
B. Mbedhah parangane Serat Wedhatama pupuh Kinanthi
Kaya kang diandharake ing dhuwur, tembang Kinanthi iku dibangum saka larikan-larikan kang diarani guru gatra cacahe enem gatra. Gatra-gatra sajrone puohh Kinanthi kabeh ana aturane. Aturan iku gegayutan karo guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Jlentrehe kaya andharan ing ngisor iki.
C. Ngarang cakepan tembang kinanthi
Ngarang tembang kinanthi iku kudu manut aturane kang gumathok. Aturan kang gumathok iku kaya kang disebutake ing dhuwur, yaiku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Supaya bisa nulis cakepan tembang kinanthi, wiwitane kanthi gawe ukara bebas! Ukara bebas mau banjur dicocogake guru gatrane, guru wilangane, lan guru lagune. Carane nyocogake bisa kanthi ngowahi tembung-tembunge utawa ngowahi papane tembung. Cara-cara iku bisa kanthi tetimbangan purwakanthi swara, purwakanthi sastra, yogyaswara , baliswara, dasa nama, tembung saroja , lan sapanunggale.
D. Tuladha Tembang Kinanthi Laras Slendro Pathet Sanga
5 6 6 6 6 1 2 2
Pa dha gu lang en ing kal bu
2 2 1 1 6 61 5 6
Ing sas mi ta a mrih lan tip
5 6 1 1 1 1 1 61
A ja pi jer ma ngan ne dra
5 5 5 5 2 2 32 1
Ka pra wi ran den ka es thi
1 2 3 5 5 5 5 5
Pe su nen sa ri ra ni ra
2 2 2 2 2 32 3 5
Ce gah dha har la wan gu lin
Paugeran sajroning tembang macapat :
a. Guru gatra yaiku cacahe/jumlahe gatra (larik) saben sapada (bait)
b. Guru lagu yaiku dhong-dhinging/tibane swara ing pungkasane gatra
c. Guru wilangan yaiku cacahe wanda (suku kata) saben salarik/gatra
Paugerane ing tuladha tembang kinanthi laras slendro pathet sanga yaiku :
》 Guru Gatra : ana 6 gatra/larik
》 Guru lagu : u, i, a, i, a, lan i
》 Guru wilangan : 8, 8, 8, 8, 8, lan 8
Tegese :
▪︎ Padha kulina supaya prigel ing ati
▪︎ Ana pratandha bisa pinter
▪︎ Ora mung mangan lan turu
▪︎ Nglakoni opo kang dadi tujuanmu
▪︎ Awake dijaga temenan
▪︎ Ora mangan lan turu
Ngandung isi utawa ajaran-ajaran tentang :
a.) Ngasah perasaan kanggo nyingkirake hawa nafsu dadi manungsa sing mulya kanthi semedi saka wong akeh supaya entuk ketenangan ati lan jiwa
b.) Mesti waspada supaya bisa tansah ngerti alangan sajrone urip lan mesti ngilangi ing njero ati supaya bisa mlaku lurus nindakake kebecikan
c.) Ngilangke rasa cemburu, iri orak panas banget
Kinanthi Laras Slendro Pathet Sanga
Padha gulangen ing kalbu (8 u)
Ing sasmita amrih lantip (8 i)
Aja pijer mangan nendra (8 a)
Kaprawitan dem kaesthi (8 i)
Pasunen sariranira (8 a)
Cegah dhahar lawan guling (8 i)
Tuladha :
Kinanthi
Rame-rame golek ilmu (8 u)
Kanggo pedomane urip (8 i)
Ning donya lan ning akhirat (8 a)
Dene ilmu dipahami (8 i)
Mula akeh keuntungan (8 a)
Lan katentereman urip (8 i)
Sumber :
Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA

Kreatif
BalasHapusterimakasih sangat bermanfaat
BalasHapusGood
BalasHapusBaguss
BalasHapus👍👍
BalasHapusSangat bermanfaat
BalasHapusKembangkan tekatmu
BalasHapusBaguss
BalasHapusNcen ngenten👍
BalasHapusSiiip,, Wong jowo ojo nganti lali njawa ne
BalasHapusSiiip,, Wong jowo ojo nganti lali njawa ne
BalasHapusYaayy
BalasHapus👍👍
BalasHapusIhh bangus banget
BalasHapusBagusss
BalasHapusBagusss
BalasHapusMudah dipahami
BalasHapus👌🏼
BalasHapusCakeppp
BalasHapusmuantap
BalasHapusinformatif sekali
BalasHapusinformatif sekali
BalasHapusWow banget....
BalasHapusUwu
BalasHapusNcen ngenten👍
BalasHapusMantul
BalasHapusWowoowwww
BalasHapusYuhu
BalasHapusWaw
BalasHapusMantap mbarang
BalasHapusBagus👍
BalasHapusMantab
BalasHapus👍👍
BalasHapuskereenn
BalasHapusSae sae saestu.🙏
BalasHapusSiap gan
BalasHapus