Minggu, 19 Januari 2020

Tembang macapat kinanthi

  •     BAB 1 Pendhidhikan Moral Kelas XII - Semester 1


         

  
                           TEMBANG MACAPAT


            Jenise tembang macapat ana 11, yaiku :

           1. Pocung
           2. Kinanthi
           3. Sinom
           4. Gambuh
           5. Dhandhanggula
           6. Maskumambag
           7. Pangkur
           8. Asmaradana
           9. Mijil
           10. Megatruh
           11. Durma


                                 KINANTHI

     Perangane serat wedhatama kang pungkasan, anggitane KGPAA mangkunegara IV yaiku pupuh kinanthi. Ing wulangan iki pupuh kinanthi mengko arep didhudhah banjur digathuk-gathukake karo kahanane bangsa Indonesia ing jaman saiki. Tembung kinanthi iku saka tembung kanthi oleh seselan in. Seselan in iki tegese padha karo ater-ater di-. Dadi, kinanthi tegese dikanthi, dituntun, digandheng, utawa diarahake.


A. Maca,nanggapi lan nitik guru gatra, lan guru lan guru wilangan teks Serat Wedhatama pupuh kinanthi


                                Kinanthi
               Marma den taberi kulup
               Angulah lantiping ati
               Rina wengi dwn anedya
               Pandak-panduking pambudi
               Mbengkas kahardaning driya
               Supadya dadya utami


■ Pupuh kinanthi ing Serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 19 pada (bait). Sapada tembang kinanthi kiwa iki kawiwitan saka tembung marma tekan tembung utami
■ Guru gatra saben sapadane tembung Kinanthi ana 6 gatra utawa larik.
■ Guru lagune tembang Kianthi yaiku : u, i, a, i, a, lan i.
■ Guru wilangane tembang Kinanthi iku : 8, 8, 8, 8, 8, lan 8.
■ Supaya gampang dieling-eling, guru wilangan lan guru laguns tembang Kinanthi, biasane ditulis : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, lan 8i.



B. Mbedhah parangane Serat Wedhatama pupuh Kinanthi

     Kaya kang diandharake ing dhuwur, tembang Kinanthi iku dibangum saka larikan-larikan kang diarani guru gatra cacahe enem gatra. Gatra-gatra sajrone puohh Kinanthi kabeh ana aturane. Aturan iku gegayutan karo guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Jlentrehe kaya andharan ing ngisor iki.


C. Ngarang cakepan tembang kinanthi 

    Ngarang tembang kinanthi iku kudu manut aturane kang gumathok. Aturan kang gumathok iku kaya kang disebutake ing dhuwur, yaiku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Supaya bisa nulis cakepan tembang kinanthi, wiwitane kanthi gawe ukara bebas! Ukara bebas mau banjur dicocogake guru gatrane, guru wilangane, lan guru lagune. Carane nyocogake bisa kanthi ngowahi tembung-tembunge utawa ngowahi papane tembung. Cara-cara iku bisa kanthi tetimbangan purwakanthi swara, purwakanthi sastra, yogyaswara , baliswara, dasa nama,  tembung saroja , lan sapanunggale.



D. Tuladha Tembang Kinanthi Laras Slendro Pathet Sanga 


5         6         6         6         6         1         2        2
Pa     dha     gu      lang    en       ing     kal      bu


2         2         1         1         6        61         5         6
Ing   sas      mi       ta         a      mrih     lan     tip

5         6         1          1         1         1         1       61
A        ja        pi       jer      ma     ngan    ne     dra

5          5          5         5         2        2        32       1
Ka     pra      wi      ran    den      ka       es      thi

1          2         3         5         5         5         5        5
Pe       su      nen     sa        ri        ra       ni       ra

2           2        2         2         2        32        3       5
Ce      gah    dha     har      la       wan    gu   lin




Paugeran sajroning tembang macapat :
a. Guru gatra yaiku cacahe/jumlahe gatra (larik) saben sapada (bait)
b. Guru lagu yaiku dhong-dhinging/tibane swara ing pungkasane gatra
c. Guru wilangan yaiku cacahe wanda (suku kata) saben salarik/gatra



Paugerane ing tuladha tembang kinanthi laras slendro pathet sanga yaiku :

》 Guru Gatra        : ana 6 gatra/larik
》 Guru lagu          : u, i, a, i, a, lan i
》 Guru wilangan : 8, 8, 8, 8, 8, lan 8



Tegese :

▪︎ Padha kulina supaya prigel ing ati
▪︎ Ana pratandha bisa pinter
▪︎ Ora mung mangan lan turu
▪︎ Nglakoni opo kang dadi tujuanmu
▪︎ Awake dijaga temenan
▪︎ Ora mangan lan turu


Ngandung isi utawa ajaran-ajaran tentang :

a.) Ngasah perasaan kanggo nyingkirake hawa nafsu dadi manungsa sing mulya kanthi semedi saka wong akeh supaya entuk ketenangan ati lan jiwa
b.) Mesti waspada supaya bisa tansah ngerti alangan sajrone urip lan mesti ngilangi ing njero ati supaya bisa mlaku lurus nindakake kebecikan
c.) Ngilangke rasa cemburu, iri orak panas banget


            Kinanthi Laras Slendro Pathet Sanga

         Padha gulangen ing kalbu   (8 u)
         Ing sasmita amrih lantip      (8 i)
         Aja pijer mangan nendra     (8 a)
         Kaprawitan dem kaesthi      (8 i)
         Pasunen sariranira                (8 a)
         Cegah dhahar lawan guling (8 i)



 Tuladha :

                Kinanthi
    Rame-rame golek ilmu             (8 u)
    Kanggo pedomane urip            (8 i)
    Ning donya lan ning akhirat   (8 a)
    Dene ilmu dipahami                 (8 i)
    Mula akeh keuntungan            (8 a)
    Lan katentereman urip           (8 i)




Sumber :
Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA



Sabtu, 18 Januari 2020

Sesorah

BAB 3    Sukur Marang Gusti Iku Wajib Kelas XI - Semester 1


                             

                               SESORAH



    Sesorah iku tembung liya saka pidhato. Pidhato iku medharake gagasan sarana lesan kang ditujokake marang wong akeh ( masyarakat/bebrayan). Akeh tembung kang maknane padha karo sesorah antara liya tanggap sabda , tanggap wacana, medhar sabda, sabda tama, lan liya-liyane. Sanajan tegese padha, tembung-tembung mau kudu patitis anggone ngepasake. Kudu cocog karo unggah-unggah.

   Saka tuladha ringkes teks sesorah ing sisih kiwa , bisa ditemokake ragangan (struktur) bakune sesorah, kang nyakup 9 perangan, yaiku:
1. Irah-irahan
2. Salam pambuka
3. Pakurmatan
4. Purwaka basa utawa pambuka
5. Wos utawa isine sesorah
6. Andharan wose sesorah (yen prelu)
7. Pangarep-arep (pangajab)
8. Wasana basa utawa panutup
9. Salam panutup



A. Maca lan nemokake struktur lan kaidah teks sesorah

               

                  Sesorah Halalbihalal...[1]


Assalammu'alaikum wa rahmatullahi wa barakatuh...[2]

   Bapak-bapak, Ibu-ibu, kaum muslimin-muslimat ingkang satuhu kinakbekten. Minal aidzin wal faidzin...[3]

   Mangga sesarengan kula dherekaken ngonjukaken pudya puji sukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung, Allah SWT, ingkang sampun paring taufik sarta hidayah...[4]

   Ing kaodhangan menika keparengna kula ngadeg ing ngarsa panjenengan sadaya, saperlu ngaturaken prekawis sekedhik gegayutan kaliyan acara "Apura ingapura" utawi "Balalbihalal" warsa 1437 H menika...[5]
 
   Kados ingkang sampun kawuningan bilih minggu kapengker, umat Islam saindenging Nuswantara samya nindakaken shlata ied...[6]

   Ing wekdal ingkang sae menika mugi-mugi para kaum muslimin dalah muslimah kepareng njangkepi ibadah siyam kanthi paring zakat fitrah...[7]

   Mekaten lan semanten atur kula, nyuwun pangapunten tumrap sadaya kaladuking atur sarta muranging trapsila...[8]

Wassalamu'alaikum warahmatullahi wa barakatuh...[9]



B. Nanggapi pokok-pokok isine teks sesorah

 Sesorah iku cak-cakane mung sairing, tegese kang aktip tumindak mung kang sesorah,  dene kang. Ngrungokake. Ora duwe wenang liya kajaba mung nampa. Tanggapan marang isine sesorah ora bisa diwedharake langsung sabubare ngrungokake sesorah, nanging milih wektu kang ngepasi. Tatacarane wong menehi panemu tumrap isine sesorah kudu nggunakake basa kang nganjeni utawa sopan. Supaya bisa nanggapi nganggo basa kang sopan para siswa kudu nggatekake sapa kang sesorah mau. Kalungguhane luwih dhuwur, smababag, utawa luwih asor tinimbang kang nanggapi. Kanthi mangkono kang naggapi bisa nemtokake nganggo basa ngoko, krama, utawa krama alus.



C. Nulis teks sesorah kanthi ragam basa padinan

 Kaya kang wis kaandharake ing ngarep menawa ragangan (struktur) wis gumathok, yaiku irah-irahan; salam pambuka; purwaka basa utawa pambuka; wos utawa intine sesorah; andharan wose sesorah (yen perlu); pangajeng-ajeng (pangajab); wasana basa utawa panutup; lan salam panutup. Sawise nulis ragangane, banjur dimekarake nganggo basamu dhewe.



D. Maca teks sesorah kanthi nyuwara

 Maca kanthi nyuwara iku maca kang ditujokake marang wong liya. Amarga ditujokake marang wong liya kang ngrungokake, mula sapa wae kang maca kudu bisa ngucapake kanthi: swara kang cukup, kedal kang cetha, lan unjal napas kang pener. Menawa anggone maca adu arep karo kang ngrungokake (kayata ing televisi), kajaba perkara telu mau katambah pamulad kang nyumadulur ( komunikatif).
  Swara kang cukup tegese kang ngrungokake bisa krungu kanthi cetha lan kepenak,      ora keseron ya ora kelirihen. Kang dikarepake kedal kang cetha iku swarane tembung siji lan sijine kudu jelas bedane. Swarane /d/ , /dh/ , /th/ , /a/ , /o/ , /u/ , lan liya-liyane. Kudu cetha.unjal napas iku yen ing basa Indonesia diarani tempo lan penjedaan. Tempo iku gegayutan karo alon-rindhike anggone maca, dene penjedaan iku gegayutan karo titik utawa komane anggone maca.



E. Patrape wong wasis guneman iku ana 10 :

1. Miwiti anggone micara menawa wis antuk pililah lan swasanane apik
2. Lancar gunemane/ngomong sesorahe
3. Gandang swarane, lan gunemane ora kesusu
4. Ndeleng marang wong kang diajak guneman
5. Angen-angene logis
6. Mumpuni utawa nguwasani apa kang dirembug
7. Solah bawane nengsemake
8. Solah bawa kang lumrah, tatag lan ora kaku
9. Urmat lan nuwuhake rasa paseduluran, serta anaprenesane/geguyon
10. Nampa panyendu utawa usulan



F. Dene kang ora kena ditindakake nalika sesorah yaiku :

1. Gugup
2. Mbesengut
3. Kukur
4. Siaga kang digawe-gawe
5. Ngguyu kanthi digawe-gawe
6. Nglebokake tangan ing sak celana
7. Ora nggatekake kang diajak guneman
8. Ngobahake awak kanthi ora trep karo wong digunem
9. Ndingluk utawa kosok balene tansah tumenga
10. Ngadeg kanthi lelambaran sikil siji
11. Ngadeg kanthi lendhehan popidium
12. Ngadeg tanpa nggatekake papan panggonan
13. Ngadeg kaku utawa kosok balene loyo orak ana gregete
14. Ngadeg kanthi sikil kang repet utawa kosok balene kanthi mbegagah.



G. Sawetara methode kanggo ngandharake sesorah iku ana 4 :

1.)  Methode naskah
               Yaiku methode kang digunakake kanggo sesorah resmi sing diwaca kanthi langsung. Cara iki ditindakake supaya ora kliru, amarga saben tembung kang diucapke jroning sesorah kang asipat resmi dirungoke dening masyarakat akeh padatan disebarake lumantar media.
2.) Methode apalan
         Yaiku naskag sing wis dirancang sakdrunge, ora kanggo diwaca ananging diapalake.
3.) Methode dadakan utawa spontanistas
         Yaiku methode kang ditindakake ndadak tanpa trampil sesorah lan kulina sesorah kanthi dadakan
4.) Methode Ekstemporan
          Yaiku sesorah kanthi nggunakake cathethan cilik kang isine bab-bab sing dianggap penting kanggo sesorah.



Tuladha :


                     Perpisahan Kelas XII


Assalammu'alaikum wa rahmatullahi wa barakatuh


   Nuwun, Bapak Kepala Sekolah Noor Mohamad Abidun S. Pd,. M. Si ingkang kula hormati, kinurmatan Bapak/Ibu guru saha karyawan ingkang kula hormati, Bapak/Ibu wali murid saha tamu udangan ingkang kula hormati, adhek-adhek kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.
 
    Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taseh pinaringan rahmat saengga wekdal menika saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.

   Kula minangka wakil saking siswa kelas XII ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak/Ibu guru, kula sakanca saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan SMA N 2 Kendal menika.

   Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak/Ibu guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung saha tansah pinaringam kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhkk sedaya  ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang sae tur maremaken.

   Mbothen kesupen kula sakanca ugi nguwun pangapunten, awit kula sakanca nate damel Bapak/Ibu duka lan kuciwa awit saking atur saha penggalih panjenengan sedaya.

    Cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang mbothen mranani penggalih. Kula nyuwun pangapunten agunging pangaksami.

Wabillahi taufiq wal hidayah


Wassalammu'alaikum wa rahmatullahi wa barakatuh













Sumber :
Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA




Iklan

BAB 8  Ngawekani Akehe Informasi Kelas XI - Semester 2
 






                                      IKLAN

     Ing jaman kemajuan wong mbutuhake informasi kang awujud pawarta utawa liyane kalebu iklan. Awut saka akehe iklan wong nganti bingung dhewe arep milih sing endi. Ana jinis iklan kang becik lan kurang becik. Tegese iklan becik bisa aweh pitulungan, ngenthengake bot repote bebrayan. Dene iklan kang kurang prayoga iku iklan kang kayane ngentheng-ngenthengake sanggan ananging nyatane suwalike malah nekek gulu.

   Ing jaman kang sarwa modern iki iklan bisa ditemoni ing sadhengah papan panggonan. Ora mung mligi ing spanduk, pamflet, koran, ananging radio tv, internet uga wis akeh kagunakake kanggo masang iklan. Salah sijine titikane iklan kang becik lan bisa dideleng saka basane. Basa iklang kang becik iku basa kang gampang dingerteni dening pamaos utawa pamirsa. Mula ora kokal ing Jawa iki uga akeh tinemu iklan kang migunakake basa jawa. Ancase ora liya supaya wong kang ana ing  Jawa iki bisa mangerteni kanthi gemblang isine iklan kasebut. Saliyane saka basa kang gampang dimangerteni iklan iku uga kudu cekak aos cetha lan menthes. Ora ngambra-ambra mundhak marake bingung sing maca utawa sing krungu. Mula pamilihing basa kang trep iku uga nemtokake bobote iklan. Pamilihing basa iku bisa awjjud slogan kang gampang dieling-eling dening bebrayan.



A. Ngrembug teks iklan 

   Iklan iku mujudake kabar utawa pesen kanggo njurug utawa mbunjuk marang bebrayan supaya tuku utawa nggunakake barang kang ditawakake. Lumantar medhiane iklan iku bisa kagolong dadi loro yaiki iklan lisan lan iklan tulis. Iklan tulis bisa awujud pamflet, poster, baliho bisa uga kacithak ing  :

▪︎Ariwarti : layang kabar kang metune saben dino, contone koran
▪︎kalawarti : layang kabar kang metune kala-kala (ora saben dina), contone majalah yaiku Panyebar Semangat ingkang sakniki taseh diterbitke .


   Titikane iklan kang becik yaiku :

》 Nawake barang kang nyata (jujur)
》 Cetha (gamblang)
》 Isine ringkes (cekak aos)
》 Tembunge prasaja 
》 Gampang dimangerteni utawa dieling-eling
》 Narik kawigaten
》 Basane prasaja (sopan) lan logis
》 Ora ngala-ngala produk liya



Dene unsur-unsure iklan ing antarane yaiku : 
1. Jeneng barang utawa jasa kang ditawakake,
2. Pihak utawa pawongan kang masang, 
3. Alamate sing masang, 
4. Kahanan sarta manfaat barang utawa jasa kang ditawakake.


   Basa teks iklan iku beda karo bas teks-teks liyane. Titikane basa iklan yaiku : 
1. Migunake slogan,
2. Ukarane persuasi utawa mbujuk wong liya,
3. Migunakake subjek wong kapisan.




Gatekna iklan radhio ing ngisor iki!

Bapak : "Bu, bune.. lha nek Semarang iku panganan apa sing enak"?
Ibu : "Lha... ya soti Bangkong kang ana ing prapatan Bangkong iku. Uenak tenann sotone, uenak garang aseme, sate kerange uga sate ayame!"
Bapak : "Wah..... uenak,.. kapan mangan ing soto Bangkong ya Bu!"



PRO 4 RRI Yogyakarta
Ngleluri basa jawa
Frekuensi Am 1107 KHz
Progama pendhidikan lan budaya

Acara :
- Kethoprak
- Wayang kulit
- Uyon-uyon Manasuka
-  Sandiwara Basa Jawa



B. Nulis teks iklan

   Iklan dibutuhake supaya wong liya ngerti narang sing ditawake. Carane nggawe iklan sing apik kudu nggatekake babagan ing ngisor iki yaiku :
a. Sing dituju kudu cetha,
b. Sing ngirim kudu cetha,
c. Barang utawa jasa sing ditawake kudu cetha,
d. Narik kawigaten sing maca,
e. Nuwuhake rasa pengin tuku saka sing naca
f. Nuwuhake rasa pengin nduweni barang sing ditawakake,
g. Bisa nggawe sing maca tuku barang sing ditawakake,
h. Nggunakake sloga utawa sesanti kang gampang ditampa lan dieling-eling.



C. Carane nulis iklan

1. Temtokna ancase iklan (nawakake barang utawa jasa)
2. Gawe cengkorongam kang dumadi saka unsur-unsure pawarta (jeneng barang utawa jasa, sing gawe iklan, alamat, kahanan utawa manfaat).
3. Ngrembakake cengkorongan dadi iklan kang wutuh, nganggo basa kang praja, cerkak, mentes, cetha, sopan uga narik kawigaten.



D. Nyuguhake teks iklan

   Maca teks iklan tegese menehake informasi marang wong liya. Supaya isine bisa ditampa kanthi wutuh dening pamireng, becike nggatekake babagan ing ngisor iki :
1. Paham isine iklan. Kalebu basa, uga pangucape tembung kang rinakit ing teks iklan.
2. Swara sarta pangucaping tembung kudu cetha lan trep.
3. Menawa awujud pacelathon kudu njumbuhake karakter paraga kang digambarake.












Sumber :
Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA



Jumat, 17 Januari 2020

Cerita Rakyat

BAB 2   Njaga Tentreming Urip Bebrayan Kelas XI - Semester 1



                           CERITA RAKYAT





A. Pangertene crita rakyat

    Crita rakyat yaiku crita kang ngrembaka ing sawijining dhaerah lan dianggep minangka asil karya kolektif (bebarengan) karo masyarakat ing papan iku amarga ora dimangerteni sapa sing nganggit. Cerita rakyat (folklore) iku crita saka jaman kuna kang isih urip ing madyaning bebrayan agung lan diwarisake kanthi lesan. Ing jaman biyen biyasane crita rakyat dicritakake ana ing kalodhangan tinamtu dening wong kang nduweni kabisan tinamtu/khusus, kayata dhalang jemblung lan tukang kentrung.  Crita rakyat iki ngemot piwulang moral lan dianggep minangka pelipur lara, yaiku nglipur kawula cilik kang durung kenal karo lelipur liyane kang luwih modern.


B.     Unsur crita rakyat

Padha karo karya sastra crita liyane, unsur-unsur kang ambangun crita rakyat, yaiku tema, latar/setting, penokohan, alur, amanat, punjering crita/sudut pandang, lan konflik.
1.      Tema
Tema yaiku ide pokok utawa masalah utama kang ndhasari lakuning crita (sumbere konflik).

2.      Latar
Latar iku mujudake papan utawa wektu dumadine kadadeyan ing sajroning crita. Latar ana 3, yaiku latar wektu, latar panggonan, lan latar swasana.

3.      Alur/Plot
Alur/plot yaiku urut-uruta ning prastawa/kedadeyan ing crita.
Alur diperang dadi 3, yaiku alur maju, alur mundur, lan alur campuran.
-Alur maju yaiku yen prastawa iku lumaku kanthi trap-trapan adhedhasar kronologi tumuju ing alur crita.
-Alur mundur yaiku alur yang nyritakne prastawa saka saiki banjur mundur ing wektu dhisik/sadurunge.
-Alur campuran yaiku alur campuran saka alur maju lan alur mundur.

4.     Tokoh/Penokohan
Tokoh yaiku Paraga ing sawijining crita.
Penokohan iku nggambarake watake paraga/pelaku ing sajroning crita. Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindake, ciri fisike, lingkungane, lan sapiturute.
Paraga diperang dadi telu yaiku  =
Protagonis (sing dadi lakon)
Antagonis (sing dadi musuhe),lan
Tritagonis (sing dadi panengah antara tokoh protagonis lan antagonis)

5. Sudut Pandang
Sudut pandang, yaiku cara nyritaake utawa gaya cerita saka pengarang. Sudut pandang iki bisa didelok saka ukara sing digawe, ana pengarang sing nyritaake tokoh sebagai "aku" (sudut pandang kapisan) utawa "kowe" (sudut pandang kapindo)

6.      Amanat
Ajaran moral utawa pesen kang bakal dikandhakake dening pengarang marang sing maca/sing ngrungokake.


C.    Titikane crita rakyat 

Crita rakyat duweni titikan kan beda saka cerita liyane, yaiku ing ngisor iki:

a. Anonim, tegese crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit.
b. Kolektif, amarga ora dimangerteni sapa sing nganggit crita mau dadi duweke masyarakat bebarengan.
c. Nyritakke bab ala lan becik.
d. Nggambarake kadadean-kadadean kang mokal (imajinatif).
e. Dicritakake kanthi lesan.
f. Sing nyritakake saka generasi ke generasi (turun tumurun). Awit saka kuwi, crita rakyat gampang owah, sok sapa bisa nambahi mula akeh versi miturut papan utawa panggonan sing nyritakake.


D.    Wujud crita rakyat

Wujud cerita rakyat ana papat, yaiku mitos, legendha, sage, lan fabel.

1. Mitos
Crita ngenani makhluk-makhluk gaib/lelembut. Paragane manungsa sekti, dewa, kewan kang nduweni kasekten ora masuk akal kayata bisa mabur, bisa urip ing segara lsp. Tuladha crita mitos kayata Crita Kangjeng Ratu Kidul ing pesisir kidul, Crita Nyai Lanjar ing pesisir lor, Crita Sunan Lawu ing Karanganyar, lsp.

2. Legendha
Crita legenda kadadeyan ing bumi lan crita mau kaanggep bener-bener kadadeyan. Biasane crita mau ana petilasane arupa watu, wit, gunung, kali, lsp. Tuladha crita legend kayata: Crita Baru Klinting, Crita Endang Nawangsih, Crita Asal-usule Grojogan Sewu ing Tawangmangu, lsp.

3. Sage
Crita ngenani kepahlawanan lan kegagahan utawa ketangkasan putra raja. Tuladhane Lutung Kasarung, Cindelaras, Sawunggaling, lsp.

4. Fabel
Crita ngenani kewan kang tumindake kaya manungsa. Tuladhane Kancil lan Baya, Walang lan Semut, lsp.

E.     Ngringkes Crita Rakyat


Ringkesan yaiku salah sawijining wujud nyekakake crita kanthi tetep gatekake unsur-unsur pambangun ing sajroning crita iku mau. Lumrahe ringkesan iku kurang saka 300 tembung.

Nalika ngringkes crita aja nganti ngilangake alur utawa lakune crita. Alur crita kudu tetep ganep, nanging basane sing cekak, aos, lan prasaja. Kedadean sing dicritakake ing ringkesan dijupuk sing pokok-pokok utawa sing penting-penting wae, ora kabeh kadadean dicritakake.

Trap-trap ngringkes crita rakyat yaiku:

1. Maca teks crita nganti cuthel.
Crita rakyat sing arep diringkes diwaca nganti cuthel kaping pindho utawa telu supaya luwih paham.
2. Nulis pokok-pokok pikiran saben paragrap. Pokok pikiran paragrap kaperang dadi loro, yaiku paragrap deduksi lan paragrap induksi. Paragrap deduksi iku ukara bakune ana ing ngarep utawa awal paragrap, ukara panerange ana ing mburine. Paragrap induksi iku ukara bakune ana ing mburi dhewe, ukara-ukara panerange ana ng wiwitan paragrap.
3. Nulis ringkesan adhedhasar pokok pikiran sing wis kok tulis. Roncenen pokok-pokok pikiran sing wis kok tulis mau dadi ringkesan nganggo basamu dhewe.
4. Tlitinen maneh apa sing wis kok tulis.


F.    Teks Cerita Rakyat

             Asal Usul Desa Tambakrejo

Desa Tambakrejo yaiku desa wonten ing sisih kidul kecamatan Patebon sing ana ing Kabupaten kendal, Jawa Tengah. Jarak Desa Tambakrejo ten Kecamatan Patebon udakara 3 km, saka ibukutha Kabupaten Kendal 6 km. Desa Tambakrejo kasusun saka 4 rukun warga lan 23 rukun tangga. Masyarakat sing damai lan tentrem kanthi dukung nilai-nilai agama lan budaya. Desa Tambakrejo wis ana sejak jaman mbiyen. Wargane taat karo agama ingkang paling kathah yaiku agama islam, saben jam 5 enjang warga Desa Tambakrejo ngadake ngaos ten masjid.
Desa Tambakrejo punika desa sing duweni tambak iwak akeh kaleh cedhak segara. Mayoritas Desa Tambakrejo dadi petani pari lan petani jagung. Nanging, masyarakat kathahe nyambut gawene dados petani kolam iwak.

Sejarah paweweh jeneng Tambakrejo iki  saka kali gedhe sing ana ing lor-kulon desa Tambkrejo. RW 3 Desa Tambakrejo teras nduwe wates karo desa Kebonharjo, kapindho desa kesebut dipisaha kaleh kali gedhe. “Kali” gedhe kesebut pas udan deres nyebabke banjir ning desaTambakrejo. Mula demi menangkis banjir kesebut digawea dalan sing gedhe lan dhuwur saka pangeran londo banjur pangeran tambak diwenehi julukan kyai tambak saka wali Joko Kendil, rakyat desa tentram lan sejahtera amarga desa kesebut babas saka banjir amarga "bejo" (amarga ana tambuk utawa panguwawa banyu sing digawe). "Bejo" mau diubah dadi rejo. banjur desa kesebut dikenal karo jeneng desa Tambakrejo sing awak saka telu RW lan siji RW turahe isih dadi desa Tambakroto sakwise lurah Tambakroto mati lan ora ana sing gumantekne dheweke, mula disijekna desa Tambakro karo desa Tambakrejo sing saiki dadi RW 2.



G. Nemokake tuntunan kang ana jroning teks novel lan njumbuhake karo kahanane bebrayan.

   Amanat iku wujude gagasan utawa gagasane pangripta/pangarang kang diajap bisa ditemokake dening para kang maca. Amanat-amanat iku biasanae gegayutan karo niyat utawa pitutur becik, upamane bab katresnan kalebu tresna marang sasamane, tresna bangsa, tresna budaya, lan sapanunggale. Saliyane iku amanat uga ana kang gegayutan karo pangibadah utawa ketuhanan (religius), setya marang negara (patriotisme), pendhidhikan, kabudayan, lan sapanunggale.


H. Nulis sinopsis novel nggunakake ragam basa kang jumbuh/cocog karo konteks lan pranata aturan.

   Sinopsis iku ringkesan isine crita, kalebu novel. Urutan lan basane sinopsis ora kudu padha karo urutan lan basa ing novel sumbere. Bakune, nalika nulis sinopsis paraga, watak, wose (inti) crita ora kena beda karo sumbere, yaiku crita kang digawe sinopsis. Nadyan mengkono, urutan anggone nulis sinopsis ora kudu padha karo urutan ing crita iku. Cekake rembug, sinopsis iku padha karo nyritakake maneh nganggo basamu dhewe.
.

   Naliti sinopsis ing kene mengku karep, kanca padha kanca (sameja upamane) padha bebarengan bijen-bijenan (saling menilai) sinopsis garapane. Kegiyatan kaya ngene iki umume diarani njlimeti utawa menyunting. Ing kegiyatan njlimeti iki kang dijlimeti/disunting bisa aksarane, runtuhe ukara, utawa tandha wacane. Prekara tely iku mau upama ana kang kleru ya dibenerake, perangan kang kurang ditambahi, lan perangan kang keladuk ya kudu disuda. Isine crita ora prelu dibenerake, amarga iku hake penganggit/pengarang kanf sipate merdika (bebas). Kamardikan sajrone ngudhal gagasam iku, ing jagade kasusastran diarani lisensia poetika.











Sumber : 
http://narahayu.blogspot.com/2018/03/rpp-cerita-rakyat-bahasa-jawa-kurikulum.html?m=1

https://tambakrejopatebon.wordpress.com/2014/02/06/asal-mula-desa-tambakrejo/

Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI
 SMA/SMK/MA



Geguritan

BAB 2    Alam Sawegung Kelas XII - Semester 1







                                 GEGURITAN


A. Pengertian Geguritan

   Geguritan yaiku salah sijining karya sastra jawa ingkang kawujud saking rasa ing ati kang diungkapaken kaliyan penyair ngagem bahasa ingkang gadah irama , rima , mitra , bait lan penyusan lirik kang gadah arti utawa makna wonten ing lirik geguritan.

   Geguritan uga kawujud saking ungkapan perasaan lan pikiran penyair . Geguritan ing bahasa Indonesia uga kasebut puisi.



B. Ciri - Ciri Geguritan

Ciri - ciri wonten ing geguritan yaiku :
1. Duweni patokan utawa aturan geguritan kayata duweni guru lagu , guru wilangan , lan guru gatra
2. Duweni makna utawa arti ana ing lirik lirik e
3. duweni bahasa ingkang endah lan mentes
4. Ing teks geguritan ono jeneng pengarang / pangriptane posisi ne ning ngarep tembang geguritan


C. Unsur - unsur intrinsik 

   Geguritan uga duweni unsur unsur intrinsik kaya puisi lan karya sastra liyane , unsur unsur intrinsik ana ing geguritan inggih punika :
  • Tema
  • Bahasa kang endah
  • Judul Geguritan
  • Diksi
  • Citra
  • Purwakanthi
  • Amanat kang ono ing jero ne geguritan


D. Jenis - jenising Geguritan


Geguritan miturut kegunaane ono 3 macem , jenis jenise inggih punika :

Jenis Geguritan Ingkang gambarake kondisi utawa peristiwa (deskriptif)

Jenis Geguritan Ingkang nyeritakake kondisi utawa pengalaman (naratif)

Jenis Geguritan Ingkang pasemon utawa duweni isi kritikan utawa sindiran


E. Syarat syarat maca Geguritan

   Wong moco geguritan ugo duweni syarat syarat , lan ora sembarangan ingkang moco geguritan .

          Syarat syarate yaiku :

  1. Wirama = Cendek duwure nada utawa keras lemahe swara.
  2. Wirasa = Perasaan utawa penghayatan ketika moco geguritan
  3. Wiraga = Polah utawa gerake pas moco geguritan
  4. Wicara = lancar orak e moco geguritan.


F. Maca lan naggapi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane

   Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki, yaiku =
a.) Maca kanthi premati, yen prelu dibolan-baleni.
b.) Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sigeg (//).
c.) Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang.
d.) Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite.
e.) Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.

    Menawa cara-cara kasebut wis dilakoni, mesti bisa kotemokake isine geguritan. Kanthi mentes, apik, endah, mengkono, para siswa banjur bisa menehi panemu. Panemu iku bisa setuju (sarujuk), bisa ora setuju, bisa nyengkuyung, lan bisa uga menehi panemu kang sipate kosok balen (berlawanan).



                         Apa Bedane
               Dening Sudi Yatmono

      Apa bedane prosa karo puisi
      Bedane ana ati

      Apa bedane ati karo gori
      Bedane mjng prakara bumbune
      Bedane apa bumbune karo sing dibumboni
      Bedane rak mung ana ing wadhah

      Apa bedane wadhah karo sing diwadhahi
      Kui rak mung akal pokal gaweane manungsa

      Lha apa bedane manungsa karo kewan
      Ah iku urusane pangeran
      (Mbangun Tuwuh, angka 138)



G. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan lan njumbuhake karo kahanane bebrayan

Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kang nggambarake rasa bungah, rasa sedhih, nggrantes, utawa malah nggambarake rasa serik kang kepati-pati marang kahanan. Mula saka iku, lumantar geguritan pamaca bisa nemokake tuntunan kang gegayutan karo kahanan.



H. Nulis geguritan nggunakake ragam basa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan pranatan utawa aturan
Kaya kacetha ing ngarep menawa nulis geguritan iku merdika. Supaya ana gondhelan, prelu kogatekake bab-bab kaya mengkene.
a.) Ora kaiket dening aturan utawa pranatan guru gatra, guru wilangan, guru lagu, lan sapanunggale.
b.) Ngutamakake isi kang mentes, apik, endah, lan becik.
c.) Bisa nggunakake lelewane basa (purwakanthi, baliswara, saroja, entar, lan sapanunggale).
d.) Isine bisa pitutur, piweling, kritik,protes, nyindhir, nggresah, pamundhut, lan dapanunggale.







Sumber : 
http://tedobagibagiilmu.blogspot.com/2017/11/geguritan-dalam-bahasa-jawa.html?m=1

Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA