Sabtu, 18 Januari 2020

Sesorah

BAB 3    Sukur Marang Gusti Iku Wajib Kelas XI - Semester 1


                             

                               SESORAH



    Sesorah iku tembung liya saka pidhato. Pidhato iku medharake gagasan sarana lesan kang ditujokake marang wong akeh ( masyarakat/bebrayan). Akeh tembung kang maknane padha karo sesorah antara liya tanggap sabda , tanggap wacana, medhar sabda, sabda tama, lan liya-liyane. Sanajan tegese padha, tembung-tembung mau kudu patitis anggone ngepasake. Kudu cocog karo unggah-unggah.

   Saka tuladha ringkes teks sesorah ing sisih kiwa , bisa ditemokake ragangan (struktur) bakune sesorah, kang nyakup 9 perangan, yaiku:
1. Irah-irahan
2. Salam pambuka
3. Pakurmatan
4. Purwaka basa utawa pambuka
5. Wos utawa isine sesorah
6. Andharan wose sesorah (yen prelu)
7. Pangarep-arep (pangajab)
8. Wasana basa utawa panutup
9. Salam panutup



A. Maca lan nemokake struktur lan kaidah teks sesorah

               

                  Sesorah Halalbihalal...[1]


Assalammu'alaikum wa rahmatullahi wa barakatuh...[2]

   Bapak-bapak, Ibu-ibu, kaum muslimin-muslimat ingkang satuhu kinakbekten. Minal aidzin wal faidzin...[3]

   Mangga sesarengan kula dherekaken ngonjukaken pudya puji sukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung, Allah SWT, ingkang sampun paring taufik sarta hidayah...[4]

   Ing kaodhangan menika keparengna kula ngadeg ing ngarsa panjenengan sadaya, saperlu ngaturaken prekawis sekedhik gegayutan kaliyan acara "Apura ingapura" utawi "Balalbihalal" warsa 1437 H menika...[5]
 
   Kados ingkang sampun kawuningan bilih minggu kapengker, umat Islam saindenging Nuswantara samya nindakaken shlata ied...[6]

   Ing wekdal ingkang sae menika mugi-mugi para kaum muslimin dalah muslimah kepareng njangkepi ibadah siyam kanthi paring zakat fitrah...[7]

   Mekaten lan semanten atur kula, nyuwun pangapunten tumrap sadaya kaladuking atur sarta muranging trapsila...[8]

Wassalamu'alaikum warahmatullahi wa barakatuh...[9]



B. Nanggapi pokok-pokok isine teks sesorah

 Sesorah iku cak-cakane mung sairing, tegese kang aktip tumindak mung kang sesorah,  dene kang. Ngrungokake. Ora duwe wenang liya kajaba mung nampa. Tanggapan marang isine sesorah ora bisa diwedharake langsung sabubare ngrungokake sesorah, nanging milih wektu kang ngepasi. Tatacarane wong menehi panemu tumrap isine sesorah kudu nggunakake basa kang nganjeni utawa sopan. Supaya bisa nanggapi nganggo basa kang sopan para siswa kudu nggatekake sapa kang sesorah mau. Kalungguhane luwih dhuwur, smababag, utawa luwih asor tinimbang kang nanggapi. Kanthi mangkono kang naggapi bisa nemtokake nganggo basa ngoko, krama, utawa krama alus.



C. Nulis teks sesorah kanthi ragam basa padinan

 Kaya kang wis kaandharake ing ngarep menawa ragangan (struktur) wis gumathok, yaiku irah-irahan; salam pambuka; purwaka basa utawa pambuka; wos utawa intine sesorah; andharan wose sesorah (yen perlu); pangajeng-ajeng (pangajab); wasana basa utawa panutup; lan salam panutup. Sawise nulis ragangane, banjur dimekarake nganggo basamu dhewe.



D. Maca teks sesorah kanthi nyuwara

 Maca kanthi nyuwara iku maca kang ditujokake marang wong liya. Amarga ditujokake marang wong liya kang ngrungokake, mula sapa wae kang maca kudu bisa ngucapake kanthi: swara kang cukup, kedal kang cetha, lan unjal napas kang pener. Menawa anggone maca adu arep karo kang ngrungokake (kayata ing televisi), kajaba perkara telu mau katambah pamulad kang nyumadulur ( komunikatif).
  Swara kang cukup tegese kang ngrungokake bisa krungu kanthi cetha lan kepenak,      ora keseron ya ora kelirihen. Kang dikarepake kedal kang cetha iku swarane tembung siji lan sijine kudu jelas bedane. Swarane /d/ , /dh/ , /th/ , /a/ , /o/ , /u/ , lan liya-liyane. Kudu cetha.unjal napas iku yen ing basa Indonesia diarani tempo lan penjedaan. Tempo iku gegayutan karo alon-rindhike anggone maca, dene penjedaan iku gegayutan karo titik utawa komane anggone maca.



E. Patrape wong wasis guneman iku ana 10 :

1. Miwiti anggone micara menawa wis antuk pililah lan swasanane apik
2. Lancar gunemane/ngomong sesorahe
3. Gandang swarane, lan gunemane ora kesusu
4. Ndeleng marang wong kang diajak guneman
5. Angen-angene logis
6. Mumpuni utawa nguwasani apa kang dirembug
7. Solah bawane nengsemake
8. Solah bawa kang lumrah, tatag lan ora kaku
9. Urmat lan nuwuhake rasa paseduluran, serta anaprenesane/geguyon
10. Nampa panyendu utawa usulan



F. Dene kang ora kena ditindakake nalika sesorah yaiku :

1. Gugup
2. Mbesengut
3. Kukur
4. Siaga kang digawe-gawe
5. Ngguyu kanthi digawe-gawe
6. Nglebokake tangan ing sak celana
7. Ora nggatekake kang diajak guneman
8. Ngobahake awak kanthi ora trep karo wong digunem
9. Ndingluk utawa kosok balene tansah tumenga
10. Ngadeg kanthi lelambaran sikil siji
11. Ngadeg kanthi lendhehan popidium
12. Ngadeg tanpa nggatekake papan panggonan
13. Ngadeg kaku utawa kosok balene loyo orak ana gregete
14. Ngadeg kanthi sikil kang repet utawa kosok balene kanthi mbegagah.



G. Sawetara methode kanggo ngandharake sesorah iku ana 4 :

1.)  Methode naskah
               Yaiku methode kang digunakake kanggo sesorah resmi sing diwaca kanthi langsung. Cara iki ditindakake supaya ora kliru, amarga saben tembung kang diucapke jroning sesorah kang asipat resmi dirungoke dening masyarakat akeh padatan disebarake lumantar media.
2.) Methode apalan
         Yaiku naskag sing wis dirancang sakdrunge, ora kanggo diwaca ananging diapalake.
3.) Methode dadakan utawa spontanistas
         Yaiku methode kang ditindakake ndadak tanpa trampil sesorah lan kulina sesorah kanthi dadakan
4.) Methode Ekstemporan
          Yaiku sesorah kanthi nggunakake cathethan cilik kang isine bab-bab sing dianggap penting kanggo sesorah.



Tuladha :


                     Perpisahan Kelas XII


Assalammu'alaikum wa rahmatullahi wa barakatuh


   Nuwun, Bapak Kepala Sekolah Noor Mohamad Abidun S. Pd,. M. Si ingkang kula hormati, kinurmatan Bapak/Ibu guru saha karyawan ingkang kula hormati, Bapak/Ibu wali murid saha tamu udangan ingkang kula hormati, adhek-adhek kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.
 
    Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taseh pinaringan rahmat saengga wekdal menika saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.

   Kula minangka wakil saking siswa kelas XII ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak/Ibu guru, kula sakanca saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan SMA N 2 Kendal menika.

   Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak/Ibu guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung saha tansah pinaringam kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhkk sedaya  ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang sae tur maremaken.

   Mbothen kesupen kula sakanca ugi nguwun pangapunten, awit kula sakanca nate damel Bapak/Ibu duka lan kuciwa awit saking atur saha penggalih panjenengan sedaya.

    Cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang mbothen mranani penggalih. Kula nyuwun pangapunten agunging pangaksami.

Wabillahi taufiq wal hidayah


Wassalammu'alaikum wa rahmatullahi wa barakatuh













Sumber :
Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA




22 komentar:

  1. Mugi tansah diuri uri marang budaya jawa

    BalasHapus