BAB 2 Njaga Tentreming Urip Bebrayan Kelas XI - Semester 1
CERITA RAKYAT
A. Pangertene crita rakyat
Crita rakyat yaiku crita kang ngrembaka ing sawijining dhaerah lan dianggep minangka asil karya kolektif (bebarengan) karo masyarakat ing papan iku amarga ora dimangerteni sapa sing nganggit. Cerita rakyat (folklore) iku crita saka jaman kuna kang isih urip ing madyaning bebrayan agung lan diwarisake kanthi lesan. Ing jaman biyen biyasane crita rakyat dicritakake ana ing kalodhangan tinamtu dening wong kang nduweni kabisan tinamtu/khusus, kayata dhalang jemblung lan tukang kentrung. Crita rakyat iki ngemot piwulang moral lan dianggep minangka pelipur lara, yaiku nglipur kawula cilik kang durung kenal karo lelipur liyane kang luwih modern.
B. Unsur crita rakyat
Padha karo karya sastra crita liyane, unsur-unsur kang ambangun crita rakyat, yaiku tema, latar/setting, penokohan, alur, amanat, punjering crita/sudut pandang, lan konflik.
1. Tema
Tema yaiku ide pokok utawa masalah utama kang ndhasari lakuning crita (sumbere konflik).
2. Latar
Latar iku mujudake papan utawa wektu dumadine kadadeyan ing sajroning crita. Latar ana 3, yaiku latar wektu, latar panggonan, lan latar swasana.
3. Alur/Plot
Alur/plot yaiku urut-uruta ning prastawa/kedadeyan ing crita.
Alur diperang dadi 3, yaiku alur maju, alur mundur, lan alur campuran.
-Alur maju yaiku yen prastawa iku lumaku kanthi trap-trapan adhedhasar kronologi tumuju ing alur crita.
-Alur mundur yaiku alur yang nyritakne prastawa saka saiki banjur mundur ing wektu dhisik/sadurunge.
-Alur campuran yaiku alur campuran saka alur maju lan alur mundur.
4. Tokoh/Penokohan
Tokoh yaiku Paraga ing sawijining crita.
Penokohan iku nggambarake watake paraga/pelaku ing sajroning crita. Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindake, ciri fisike, lingkungane, lan sapiturute.
Paraga diperang dadi telu yaiku =
Protagonis (sing dadi lakon)
Antagonis (sing dadi musuhe),lan
Tritagonis (sing dadi panengah antara tokoh protagonis lan antagonis)
5. Sudut Pandang
Sudut pandang, yaiku cara nyritaake utawa gaya cerita saka pengarang. Sudut pandang iki bisa didelok saka ukara sing digawe, ana pengarang sing nyritaake tokoh sebagai "aku" (sudut pandang kapisan) utawa "kowe" (sudut pandang kapindo)
6. Amanat
Ajaran moral utawa pesen kang bakal dikandhakake dening pengarang marang sing maca/sing ngrungokake.
C. Titikane crita rakyat
Crita rakyat duweni titikan kan beda saka cerita liyane, yaiku ing ngisor iki:
a. Anonim, tegese crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit.
b. Kolektif, amarga ora dimangerteni sapa sing nganggit crita mau dadi duweke masyarakat bebarengan.
c. Nyritakke bab ala lan becik.
d. Nggambarake kadadean-kadadean kang mokal (imajinatif).
e. Dicritakake kanthi lesan.
f. Sing nyritakake saka generasi ke generasi (turun tumurun). Awit saka kuwi, crita rakyat gampang owah, sok sapa bisa nambahi mula akeh versi miturut papan utawa panggonan sing nyritakake.
D. Wujud crita rakyat
Wujud cerita rakyat ana papat, yaiku mitos, legendha, sage, lan fabel.
1. Mitos
Crita ngenani makhluk-makhluk gaib/lelembut. Paragane manungsa sekti, dewa, kewan kang nduweni kasekten ora masuk akal kayata bisa mabur, bisa urip ing segara lsp. Tuladha crita mitos kayata Crita Kangjeng Ratu Kidul ing pesisir kidul, Crita Nyai Lanjar ing pesisir lor, Crita Sunan Lawu ing Karanganyar, lsp.
2. Legendha
Crita legenda kadadeyan ing bumi lan crita mau kaanggep bener-bener kadadeyan. Biasane crita mau ana petilasane arupa watu, wit, gunung, kali, lsp. Tuladha crita legend kayata: Crita Baru Klinting, Crita Endang Nawangsih, Crita Asal-usule Grojogan Sewu ing Tawangmangu, lsp.
3. Sage
Crita ngenani kepahlawanan lan kegagahan utawa ketangkasan putra raja. Tuladhane Lutung Kasarung, Cindelaras, Sawunggaling, lsp.
4. Fabel
Crita ngenani kewan kang tumindake kaya manungsa. Tuladhane Kancil lan Baya, Walang lan Semut, lsp.
E. Ngringkes Crita Rakyat
Ringkesan yaiku salah sawijining wujud nyekakake crita kanthi tetep gatekake unsur-unsur pambangun ing sajroning crita iku mau. Lumrahe ringkesan iku kurang saka 300 tembung.
Nalika ngringkes crita aja nganti ngilangake alur utawa lakune crita. Alur crita kudu tetep ganep, nanging basane sing cekak, aos, lan prasaja. Kedadean sing dicritakake ing ringkesan dijupuk sing pokok-pokok utawa sing penting-penting wae, ora kabeh kadadean dicritakake.
Trap-trap ngringkes crita rakyat yaiku:
1. Maca teks crita nganti cuthel.
Crita rakyat sing arep diringkes diwaca nganti cuthel kaping pindho utawa telu supaya luwih paham.
2. Nulis pokok-pokok pikiran saben paragrap. Pokok pikiran paragrap kaperang dadi loro, yaiku paragrap deduksi lan paragrap induksi. Paragrap deduksi iku ukara bakune ana ing ngarep utawa awal paragrap, ukara panerange ana ing mburine. Paragrap induksi iku ukara bakune ana ing mburi dhewe, ukara-ukara panerange ana ng wiwitan paragrap.
3. Nulis ringkesan adhedhasar pokok pikiran sing wis kok tulis. Roncenen pokok-pokok pikiran sing wis kok tulis mau dadi ringkesan nganggo basamu dhewe.
4. Tlitinen maneh apa sing wis kok tulis.
F. Teks Cerita Rakyat
Asal Usul Desa Tambakrejo
Desa Tambakrejo yaiku desa wonten ing sisih kidul kecamatan Patebon sing ana ing Kabupaten kendal, Jawa Tengah. Jarak Desa Tambakrejo ten Kecamatan Patebon udakara 3 km, saka ibukutha Kabupaten Kendal 6 km. Desa Tambakrejo kasusun saka 4 rukun warga lan 23 rukun tangga. Masyarakat sing damai lan tentrem kanthi dukung nilai-nilai agama lan budaya. Desa Tambakrejo wis ana sejak jaman mbiyen. Wargane taat karo agama ingkang paling kathah yaiku agama islam, saben jam 5 enjang warga Desa Tambakrejo ngadake ngaos ten masjid.
Desa Tambakrejo punika desa sing duweni tambak iwak akeh kaleh cedhak segara. Mayoritas Desa Tambakrejo dadi petani pari lan petani jagung. Nanging, masyarakat kathahe nyambut gawene dados petani kolam iwak.
Sejarah paweweh jeneng Tambakrejo iki saka kali gedhe sing ana ing lor-kulon desa Tambkrejo. RW 3 Desa Tambakrejo teras nduwe wates karo desa Kebonharjo, kapindho desa kesebut dipisaha kaleh kali gedhe. “Kali” gedhe kesebut pas udan deres nyebabke banjir ning desaTambakrejo. Mula demi menangkis banjir kesebut digawea dalan sing gedhe lan dhuwur saka pangeran londo banjur pangeran tambak diwenehi julukan kyai tambak saka wali Joko Kendil, rakyat desa tentram lan sejahtera amarga desa kesebut babas saka banjir amarga "bejo" (amarga ana tambuk utawa panguwawa banyu sing digawe). "Bejo" mau diubah dadi rejo. banjur desa kesebut dikenal karo jeneng desa Tambakrejo sing awak saka telu RW lan siji RW turahe isih dadi desa Tambakroto sakwise lurah Tambakroto mati lan ora ana sing gumantekne dheweke, mula disijekna desa Tambakro karo desa Tambakrejo sing saiki dadi RW 2.
G. Nemokake tuntunan kang ana jroning teks novel lan njumbuhake karo kahanane bebrayan.
Amanat iku wujude gagasan utawa gagasane pangripta/pangarang kang diajap bisa ditemokake dening para kang maca. Amanat-amanat iku biasanae gegayutan karo niyat utawa pitutur becik, upamane bab katresnan kalebu tresna marang sasamane, tresna bangsa, tresna budaya, lan sapanunggale. Saliyane iku amanat uga ana kang gegayutan karo pangibadah utawa ketuhanan (religius), setya marang negara (patriotisme), pendhidhikan, kabudayan, lan sapanunggale.
H. Nulis sinopsis novel nggunakake ragam basa kang jumbuh/cocog karo konteks lan pranata aturan.
Sinopsis iku ringkesan isine crita, kalebu novel. Urutan lan basane sinopsis ora kudu padha karo urutan lan basa ing novel sumbere. Bakune, nalika nulis sinopsis paraga, watak, wose (inti) crita ora kena beda karo sumbere, yaiku crita kang digawe sinopsis. Nadyan mengkono, urutan anggone nulis sinopsis ora kudu padha karo urutan ing crita iku. Cekake rembug, sinopsis iku padha karo nyritakake maneh nganggo basamu dhewe.
.
Naliti sinopsis ing kene mengku karep, kanca padha kanca (sameja upamane) padha bebarengan bijen-bijenan (saling menilai) sinopsis garapane. Kegiyatan kaya ngene iki umume diarani njlimeti utawa menyunting. Ing kegiyatan njlimeti iki kang dijlimeti/disunting bisa aksarane, runtuhe ukara, utawa tandha wacane. Prekara tely iku mau upama ana kang kleru ya dibenerake, perangan kang kurang ditambahi, lan perangan kang keladuk ya kudu disuda. Isine crita ora prelu dibenerake, amarga iku hake penganggit/pengarang kanf sipate merdika (bebas). Kamardikan sajrone ngudhal gagasam iku, ing jagade kasusastran diarani lisensia poetika.
Sumber :
http://narahayu.blogspot.com/2018/03/rpp-cerita-rakyat-bahasa-jawa-kurikulum.html?m=1
https://tambakrejopatebon.wordpress.com/2014/02/06/asal-mula-desa-tambakrejo/
Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA

Nice
BalasHapusbaguss
BalasHapusKerennn
BalasHapus👍👍
BalasHapusBeemanfaat
BalasHapusSip apik
BalasHapusNice
BalasHapusGood job!
BalasHapusSanagat bermanfaat
BalasHapusMudah dimengerti
BalasHapusTerkesan sekali
BalasHapusNtap
BalasHapusBagus👍
BalasHapusWii
BalasHapuswoowww
BalasHapusSaee saee saestu.🙏🙏
BalasHapus